-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

23.4.15

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Pengetan Hari Sumpah Pemuda

Teks pidato bahasa jawa. Sak sampunipun maos pidato bahasa jawa pendidikan nasional sumangga kula aturu maos satunggaling contoh teks pidato bahasa jawa pengetan hari sumpah pemuda wonten ing ngandap menika. Ananging sakderengipun mbok bilih kathan atur ingkang kirang trapsila saha kirang nujuprana wonten penggalih panjenengan sami saestu kula nyuwun agungeng samodra pangaksami.

Naskah Sesorah Bahas Jawa Hari Sumpah Pemuda

Pembukaan pidato bahasa jawa pengetan hari sumpah pemuda
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Salam kasugengan, tuwin salam kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sumawa panjenengan sedaya Aamiin.

Panjenenganipun Drs. Suratman pangarsanipun pawiyatan SMP Negeri 1 Sayegan ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;

Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMP Negeri 1 Sayegan ingkang saestu pantes sunuba ing pakurmatan;

Miwah kanca-kanca siswa kelas 7, 8, sarta 9 SMP Negeri 1 Sayegan ingkang kula tresnani.

Matur nuwun awit paringipun wekdal dhateng kula, saperlu badhe ngaturaken pengetan sumpah pemuda. Ananging sakderengipun Langkung rumiyen mangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kula panjengan sami, saengga wonten wekdal einjing menika kita saged makempal lan manunggal wonten papan punika kanthi wilujeng.
contoh-teks-pidato-bahasa-jawa-pengetan-hari-sumpah-pemuda

Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita wantu-wantu syafaatipun isa mangkih wonten ing yaumul kiyamah, allohuma amin.

Isi pidato bahasa jawa pengetan sumpah pemuda
Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, sumpah pemuda dados satunggaling kedadean ingkang saestu sae sanget kagem persatuan bangsa Indonesia. Kados sejarah ingkang kaserat, bilih sumpah pemuda menika satunggaling peristiwa ageng ingkang kedadean ing tanggal 28 Oktober tahun 1828. Mila saking menika diten rabu tanggal 28 Oktober 2015 menika kula panjengan sami mengeti . satunggaling peristiwa sejarah nun injeh “hari sumpah pemuda”. Ewondhene isi saking sumpah pemuda menika kanthi bahasa Indonesia mekaten:
  1. Kami poetra dan poetri Indonesia, mengakoe bertoempah darah jang satoe, tanah Indonesia.
  2. Kami poetra dan poetri Indonesia mengakoe berbangsa jang satoe, bangsa Indonesia.
  3. Kami poetra dan poetri Indonesia mendjoendjoeng bahasa persatoean, bahasa Indonesia.”
Saking isi sumpah pemuda menika saget kita sedaya tingali bilih persatuan ugi perjoangan bangsa Indonesia milai wekdal punika langkung prayogi lan langkung sae. Milai wekdal menika ugi perjoangan kang sakderengipun ngrupikaken perjoangan kedaerahan lan suku dados perjoangan sedaya rakyat Indonesia. Sinaosa Indonesia ngrupiaken negara kanthi kepulauan ananging sami anggadahi sikap persatuan ugi kesatuan nun injih kados menapa ingkang kaucap wonten sumpah pemuda kewau.

Kula saha kanca-kanca sedaya ingkang sakmenika dados siswa SMP Negeri 1 Sayegan saestu dados satunggaling generasi penerus, ingkang badhe nurusaken perjuangan para pemuda. Semanten ugi bilih anggen kula panjengan sami sesrawungan ampun gampil jotakan utawi kerengan satunggal lan satunggale. Bilih kita anamung saking babakan alit kemawon dados jotakan uga kerengan saestu menika satunggaling pratanda bilih sikap persatuan ugi kesatuan kita tasih kirang lan perlu kita dewasaaken.
contoh-teks-pidato-bahasa-jawa-pengetan-hari-sumpah-pemuda

Para rawuh ingkang bagya mulya, mila saking menika kula ngelengaken datheng awak kula piyambak ugi para rawuh sedaya kakung miwah putri kangeem nguri-uri persatuan uga kesatuan. Ampun gampil dipun adu dhomba utawi gampil dihasul anamung saking sakedik babakan kemawon.
Penutup dalam pidato bahasa jawa pengetan sumpah pemuda

Bapak ibu guru saha para rawuh ingkang kula kurmati, amergi wekdal ingkang kebatas kadhose kirang prayogi bilih kula kathah atur wonten papan punika mila saking menika cekap semanten atur saking kula kathah kalepatan atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Mekaten kewau satunggaling contoh teks pidato bahasa jawa pengetan hari sumpah pemuda. kathah atur ingkang kirang trapsila saha kirang nujuprana wonten penggalih panjenengan sami saestu kula nyuwun agungeng samodra pangaksama.

Artikel menika kalebet: sesorah, contoh teks pidato bahasa jawa sumpah pemuda, teks pidato bahasa jawa sumpah pemuda, naskah pidato bahasa jawa sumpah pemuda, pidato bahasa jawa singkat hari sumpah pemuda, sesorah bahasa jawa hari sumpah pemuda, contoh sesorah bahasa jawa sumpah pemuda, sesorah basa jawa pendidikan, contoh sesorah bahasa jawa pendidikan, contoh sesorah basa jawa kanti tema pendidikan, sesorah pendidikan, sesorah bahasa jawa judul sumpah pemuda, pidato bahasa jawa, kumpulan pidato bahasa jawa, pidato perpisahan bahasa jawa, pidato bahasa jawa tentang pendidikan, teks pidato bahasa jawa perpisahan, naskah pidato bahasa jawa, pidato bahasa jawa tentang perpisahan, naskah pidato bahasa jawa perpisahan sekolah, contoh pidato bahasa jawa tentang pendidikan, kerangka pidato bahasa jawa.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa Pengetan Hari Sumpah Pemuda

1 komentar: