-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

19.4.15

Pidato Bahasa Jawa Pendidikan Nasional

Pidato bahasa jawa pendidikan nasional. Hari pendidikan nasional ingkang kasingkat HARDIKNAS inggih menika satunggaling dinten ingkang dados pengetan pendidikan nasional. Mila saking menika, sesorah bahasa jawa wonten ngandap menika ngaturaken satunggaling contoh pidato bahasa jawa kanthi irah-irah “hari Pendidikan Nasional”. Sumangga kula aturi sami miyos.

Naskah Pidato bahasa jawa tema pendidikan

Pembukaan wonten pidato bahasa jawa pendidikan nasional
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Panjenenganipun bapak kepala sekolah SMA Negeri 1 Magelang ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati.

Bapak ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMA Negeri 1 Magelang ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.

Sumrambah dhumateng kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Kawula nuwun,
pidato-bahasa-jawa-tema-pendidikan
Keparing kawula matur dhumateng ngarsanipun para rawuh sedaya ingkang satuhu dahat kinurmatan. Langkung rumiyen mangga kula dherekaken ngaturaken puja puji pudyastuti dumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, karaharjan, dalah kasantosan, saengga wonten titi wekdal menika kita saged makempal lan manunggal wonten papan pasinaon punika kanthi wilujeng tanpa alangan satunggal menapa.
Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, tumedhakipun dahateng garwa putra, para sohabat, sarta sedaya pendherekipun, mugi kalebetna kula panjenengan sedaya. Aamiin.

Isi Naskah pidato bahasa jawa pendidikan nasional
Ing salajenganipun wonten dinten pengetan hari pendidikan nasional menika, keparinga kula kanthi andap asor ing manah, badhe ngaturaken sekedhik kanthi irah-irah “hari pendikan nasional”.
Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, tetembungan pendidikan nasional saestu sampun sawentawis dangu kita miringaken, wondene menggah ingkang werdinipun, inggih menika satunggaling tindak lampah kanthi raos lila lan legawa nindakake pasinaon wonten ing pawiyatan. Kados ingkang kula sakanca tindaki wonten wekdal menika ugi termasuk tindak pasinao kagem ngangsu kawruh lan ngilmu ingkang saged kula sedaya gayuh kanthi pasinaon kawiwit TK, SD, SMP, tumeka SMA ugi Perguruan Tinggi.
pidato-bahasa-jawa-tema-pendidikan

Kadhos pribasan jawa “ngelmu iku lakone kanthi laku” ingkang anggadahi makna bilih ngelmu menika saged kita gayuh kanthi tindakan nun injih kados pasinaon wonten pawiyatan utawi tindakan wonten panggenan liyan kadhos wonten lingkungan masyarakat.  Hari pendidikan nasional ingkang kita sedaya pengeti saben tanggal 2 mei menika saestu anggadahi sejarah lan tujuan ingkang sae tumrap kita sedaya. Hari pendidikan nasional ingkang kasingkat HARDIKNAS dados satunggaling momentum kagem kula sedaya supados langkung semangat anggenipun nuntut ngelmu.

Pendidikan nasional piyambak anggadahi tujuan kagem ngentasaken warga Indonesia saking kebodhoan ugi mujudtaken manungsa ingkang anggadahi iman lan taqwa datheng Tuhan Kang Maha Kuwaos. Pramila saking menika, wonten hari pendidikan nasional dinten menika 2 mei 2015 kula ngemutkan dumateng kula piyambak saha para kanca wonten pawiyatan SMA Negeri 1 Magelang supados langkung semangat anggenipun nuntut ngelmu sinaosa kanthi pangormabanan kawujud menapa kemawon.

Mugi kanthi nglampahi pendidikan nasional kita sedaya saget dadhos manungsa kang guna sae kagem pribadi kita utawa tumrap tiyang sepuh kekalih kita, sumrambah kagem agama, nusa lan bangsa.
pidato-bahasa-jawa-tema-pendidikan

Penutup dalam pidato bahasa jawa pendidikan nasional
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged dados panglimbang sarta paninting, tumuju dhateng kadewasan lair lan batos kita sedaya. Aamiin.

Wonten kasar sarta lepating atur kula namung tansah nuwun lumunturing samodra pangaksama.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Contoh pidato bahasa jawa pendidikan nasional wonten ing nginggil mugi saged dados satunggaling contoh seseorah bahasa jawa kanthi irah-irah “pendidikan”.


Artikel menika kalebet: sesorah, contoh pidato bahasa jawa tema pendidikan, teks pidato bahasa jawa pendidikan, naskah pidato bahasa jawa pendidikan, pidato bahasa jawa singkat tentang pendidikan, sesorah bahasa jawa kanthi iru-iru pendidikan, contoh sesorah pendidikan, sesorah basa jawa dengan tema pendidikan, contoh sesorah bahasa jawa bertema pendidikan nasional, contoh sesorah basa jawa, sesorah pendidikan nasional, sesorah bahasa jawa pendidikan, pidato bahasa jawa, kumpulan pidato bahasa jawa tema pendidikan, pidato bahasa jawa tentang pendidikan, contoh pidato bahasa jawa tentang pendidikan, kerangka pidato bahasa jawa, pidato bahasa jawa hari pendidikan nasional, contoh teks pidato bahasa jawa, pidato bahasa jawa krama.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pidato Bahasa Jawa Pendidikan Nasional

0 komentar:

Posting Komentar