-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

21.4.15

Pidato Bahasa Jawa Syukuran Lulus Ujian Nasional (Tema Pendidikan)

Sesorah Jawa. Kagem para kanca ingkang pados contoh pidato bahasa jawa syukuran lulus ujian nasional (tema pendidikan), wonten ngandap menika satunggaling naskah pidato basa jawi kagem acara syukuran lulus ujian nasional. Mugi naskah pidato jawa menika saget dipun ginakaken kagem sinau ugi kagem damel pidato wonten acara sanesipun kadosta: perpisahan sekolah sae SD SMP utawi SMA, pengetan hari pendidikan nasional, pengetan proklamasi kemerdekaan Indonesia, pengetan dinten kartini, sesorah basa jawa kanthi irah-irah kebersihan lingkungan lan sekolah, kesehatan, narkoba, sumpah pemuda, dinten kartini, lan sak panunggalanipun.

Naskah Pidato Bahasa Jawa Syukuran Lulus Ujian Nasional

Sinaoso wonten wekdal punika ujian nasional sanes dados satunggaling penemtu anggenipun mungkasani pendidikan. Ananging syukuran lulusan ujian nasional tasih kathah dipun tindakaken dening para siswa. Mila menika sumangga kita aturi kagem nyimak pidato bahasa jawa syukuran lulus ujian nasional (tema pendidikan) wonten ngandap menika.

Pembukaan pidato
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

pidato-bahasa-jawa-tema-pendidikan

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.

Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.

Nuwun! Salam kasugengan, tuwin salam kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sumawa panjenengan sedaya Aamiin.

Panjenenganipun Drs. Soesanto pangarsanipun pawiyatan SD Negeri  Keputren Pleret Bantul ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;

Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan SD Negeri  Keputren Pleret Bantul ingkang saestu pantes sunuba ing pakurmatan;

Tamu undhangan ingkang kinurmatan lan mboten saget kula piji-piji satunggal-satunggaling;
Miwah kanca-kanca kelas 6 SD Negeri  Keputren Pleret Bantul ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken puja-puji syukur dumateng Pangeran Ingkang Maha Welas lan Asih, ingkang nguwaosi sedaya alam saisinipun, awit saking Welas lan Asih-ipun satemah kula sedaya saget ngawontenaken acara syukuran lulus ujian nasional kelas 6 SD Negeri  Keputren Pleret Bantul ing wekdal menika.

Isi pidato bahasa jawa syukuran lulus ujian nasional (tema pendidikan)
Selajenganipun kula minangka wod-lumaraping atur para kanca pawiyatan kelas 6 SD Negeri  Keputren Pleret Bantul riki keparing matur wonten ngarsanipun Bapak-Ibu guru karyawan saha para tamu undhangan ingkang kinurmatan.
pidato-bahasa-jawa-tema-pendidikan

Kula sedaya siswa kelas 6 SD Negeri  Keputren Pleret Bantul ngaturaken sugeng rawuh katur sanggyaning para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan, kairing atur panuwun dene kersa anjenengi ngrawuhi atur panuwun kula siswa kelas 6 ing pepanggihan wekdal menika.
Kejawi menika, kula ugi matur sanget agungeng panuwun katur Bapak Pitoyo sabrayat ingkang sampun kersa nampi nampi minangka ajangeng pepanggihan menika kanthi nyediaken papan palenggahan, saha nyengkuyung sarana, ubarampe ngantos sedaya kabetahanipun. Mugi sedaya amal menika kaparingan nugrahaning saking Alloh SWT.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya, mliginipun Bapak Drs. Soesanto pangarsanipun pawiyatan SD Negeri  Keputren Pleret Bantul, Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan SD Negeri  Keputren Pleret Bantul ingkang kinurmatan, wonten ing wektad menika kula siswa kelas 6 keparing ngaturaken agungeng panuwun awit sampun kepareng maringaken wewarah, pitedah, tuwin piwucal ingkang merakabi saget dhateng kula sedaya. Saestu kula sedaya sami rumaos mboten saget amungkasi ujian nasional tanpa piwucal saha wewarah saking bapak/ibu guru sedaya. Mila saking menika ugi wonten menika wekdal kula sakanca angaturi bapak/ibu wonten ing syukuran lulus ujian nasional ing mriki. Boten kasupen kula sakanca nyuwun tambahing donga pangestu mugi-mugi saget nglajengaken ing pasinaon ingkang langkung inggil.

Selajengipun, saestu anggenipun dados siswa pawiyatan SD Negeri  Keputren Pleret Bantul sajroning 6 tahun kula rumaos kathah kalepatan tumrap bapak/ibu guru pawiyatan SD Negeri  Keputren Pleret Bantul, mila saking menika mugi-mugi bapak/ibu sedaya kersaa paring lubering samudra pangaksama.
pidato-bahasa-jawa-tema-pendidikan


Penutup pidato bahasa jawa syukuran lulus ujian nasional (tema pendidikan)
Bapak/ibu guru saha para rawuh ingkang bagya mulya, mekaten saha semanten atur kula minangka makili para kanca. Mbokbilih atur kula menika kewau wonten lepat saha kekiranganipun, kula suwun mugi-mugi sanggyaning para lenggah kersa mbedah tambaking samudra pangaksama.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Mekaten kewau satunggaling contoh pidato bahasa jawa syukuran lulus ujian nasional (tema pendidikan). Mugi naskah pidato jawa menika saget dipun ginakaken kagem sinau ugi kagem damel pidato wonten acara sanesipun kadosta acara perpisahan sekolah sae SD SMP utawi SMA, pengetan hari pendidikan nasional, pengetan proklamasi kemerdekaan Indonesia, pengetan dinten kartini, sesorah basa jawa kanthi irah-irah kebersihan lingkungan lan sekolah, kesehatan, narkoba, sumpah pemuda, dinten kartini, lan sak panunggalanipun. Matur nuwun.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pidato Bahasa Jawa Syukuran Lulus Ujian Nasional (Tema Pendidikan)

0 komentar:

Posting Komentar