-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

19.4.15

Pidato Hari Kartini Bahasa Jawa

Sesorah jawa. Kejawi tanggal 17 agustus, tanggal 21 April ugi dados satunggaling dina ingkang istimewa tumrap tiyang estri khususipun lan bangsa Indonesia umumipun. Sesorah bahasa jawa wekdal menika badhe ngaturaken satunggaling pidato bahasa jawa kanti irah-irah “pidato hari kartini bahasa jawa”. Kados menapa contoh pidato menika monggo kula aturi sami miyos wonten ngandap.
Mugi satunggaling sesorah menika samangkih saget kagem conto pidato pendidikan, pidato hari kamardikan, pidato bahasa jawa tema kesehatan, pidato bahasa jawa tema kebersihan lingkungan ugo sanesipun. Ananging mbok bilih wonten satunggaling pidato menika kathah kekiranganipun saestu kula nyuwun agunginging pangaksami.

Naskah Pidato Hari Kartini Bahasa Jawa

Pembukaan wonten pidato hari kartini bahasa jawa
Assalamu’alaikum wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Panjenenganipun bapak kepala sekolah SMA Negeri 3 Bantul ingkang satuhu kula bekteni.
Bapak ibu guru pawiyatan SMA Negeri 3 Bantul ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.
Saha kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumanga langkung rumiyen tansah sedaya kraos lan rumaos bilih kula sedaya titah limrah ingkang tansah kapurba lan kawisesa dening Pangeran Dzat Ingkang Maha Kuwaos, pramila namung dumateng Panjenenganipun kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur inggih awit kemirahan-Ipun, kula sedaya saget makempal wonten ing papan punika saperlu mengeti dinten ingkang ageng, nun injeh dinten lahiripun bangsa Indonesia.
pidato-hari-kartini-bahasa-jawa

Isi wonten pidato hari kartini bahasa jawa
Ing salajenganipun wonten kesempatan pengetan dinten Kartini tanggal 21 April 2015 menika, keparinga kula kanthi andap asor ing manah, badhe ngaturaken sekedhik kanthi irah-irah “hari kartini”.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya, dinten kartini anggadahi satunggaling sejarah kang agung tumrap bangsa Indonesia. Amargi satunggaling dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini menika kula sedaya pengeti kanthi bungahing manah, lan bagya mulya.

Ananging kedah kita sami mangertosi bilih pengetan dinten kartini menika sampun kawiwit milai tahun 1964 dumigi samenika tasih lestari. Perjoangan R.A Kartini kagem nyamiaken drajan lan hak kaum estri tumrap tiyang kakung saestu sampun sami kita raosaken.
naskah-pidato-hari-kartini-bahasa-jawa

Sedaya murit lan siswa saha ibu guru kang samenika rawuh ing plataran pawiyatan menika ugi sejatosipun ngrupiaken satunggaling woh saking perjuanganipun R.A Kartini. Amargi wonten jaman kepengker tiyang estri utawi wanita mboten anggadahi hak kagem tumut sekolah kados engkang kita laksanaaken menika.

Saestu sampun kula panjenengan sami mangertosi bilih tiyang estri saget nuntut ngelmu kanthi bebas kados tiyang jaler mboten sanes awit saking perjoangan R.A. Kartini. Sinaosa R.A. Kartini mboten dangu anggenipun gesang wonten ing ndunya nun injih kirang langkung namun selangkung (25) taun ananging perjoanganipun saget kita sedaya raosaken kanthi abadi.

Kartini anggadahi pengarep-arep bilih sedaya tiyang estri wonten Indonesia saget anggadahi hak lan kedudukan kang sami kados tiyang jaler anggenipun nunut ngelmu saha nyambut damel lan sak panunggalanipun.

Sagung para rawuh inggkang dahat kinurmatan, kang ndadosna kita ngelus dada ing wekdal menika mboten saking pengarep-arep Raden Ajeng Kartini kasebat, ananging langkung saking menika tiyang estri ingkang anggadahi pendidikan lan pidamelan langkung prayogi saking tiyang jaler kathah ingkang kuwantun sami tiyang jaler, nun injih kuwantun datheng ramanipun piyambak utawi kuwantun datheng garwanipun.

Mila menika wonten ing momentum dinten kartini tanggal 21 april 2015 menika kula ngemutakan dateng awak kula piambak saha dumateng para rawuh supados saged evaluasi diri kita piyambak, menapa sejatosipun emansipasi wanita sampun saestu kalaksanan kanthi mboten ngilangaken fitrahing tiyang estri wonten ing ndunyo, nun injih kedah anggadahi sifat keibuan, sikap sabar welas asih, saha rasa kurmat dumateng tiyang kakung.
pidato-pengetan-hari-kartini-menggunakan-bahasa-jawa

Penutup wonten pidato hari kartini bahasa jawa
Mekaten sekedhik atur sesorah kanthi irah-irah “pidato hari kartini bahasa jawa”. Mugi saged dados panglimbang sarta paninting datheng kula sedaya. Wonten kasar sarta lepating atur, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Naskah pidato bahasa jawa tema pendidikan kanthi irah-irah pidato hari kartini bahasa jawa wonten ing nginggil kewau, mugi saged migunani tumrap para pawios sedanten kagem conto pidato pendidikan, pidato hari kamardikan, pidato bahasa jawa tema kesehatan, pidato bahasa jawa tema kebersihan lingkungan ugo sanesipun. Ananging mbok bilih wonten satunggaling pidato menika kathah kekiranganipun saestu kula nyuwun agunginging pangaksami. Kathah kalepatan sarta atur ingkang kirang trapsila saestu nyuwun angunging pangaksami. Matur nuwun.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pidato Hari Kartini Bahasa Jawa

0 komentar:

Posting Komentar