-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

30.5.15

Contoh Pidato Bahasa Jawa Calon Ketua Osis

Contoh pidato bahasa jawa calon ketua osis. Osis merupakan salah satu organisasi intra sekolah yang memiliki peran penting dalam kemajuan sekolah khususnya terkait dengan kegiatan dan peranan siswa untuk memajukan sekolah. Tak heran jika calon ketua osis dipilih dari perwakilan siswa terbaik dalam periode tersebut. Dari beberapa calon tersebut nantinya akan dipilih calon terbaik dari suatu kompetisi, baik dari segi kecerdasan Intelektual, Emosional, bahkan tidak jarang pada sekolah-sekolah yang berada di jawa timur, jawa tengah, yogyakarta, hingga jawa barat memberikan tantangan buat para calon ketua tersebut berpidato dalam bahasa jawa. Salah satu contoh naskah pidato di bawah ini semoga dapat menjadi referensi dalam menyampaikan pidato bahasa jawa khususnya bagi calon ketua osis

Pembukaan dalam pidato sama halnya dengan sesorah bahasa jawa tema pendidikan yang lainnya.
Contoh Pidato Bahasa Jawa Calon Ketua Osis
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Salam kasugengan, tuwin salam kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sumawa panjenengan sedaya Aamiin.
Panjenenganipun Drs. Suratman pangarsanipun pawiyatan SMP Negeri 1 Sayegan ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;
Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMP Negeri 1 Sayegan ingkang saestu pantes sunuba ing pakurmatan;
Miwah kanca-kanca siswa kelas 7, 8, sarta 9 SMP Negeri 1 Sayegan ingkang kula tresnani.
Matur nuwun awit paringipun wekdal dhateng kula, saperlu badhe ngaturaken visi lan misi minangka salah satunggal calon ketua osis ing SMP Negeri 1 Sayegan menika.
Ananging sakderengipun Langkung rumiyen mangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kula panjengan sami, saengga wonten wekdal einjing menika kita saged makempal lan manunggal wonten papan punika kanthi wilujeng.
Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita wantu-wantu syafaatipun isa mangkih wonten ing yaumul kiyamah, allohuma amin.

Penyampaian Visi dan Misi Calon Ketua Osis

Bapak-Ibu engkang kinurmatan saha kanca-kanca ingkang kula tresnani, Organisasi Intra Sekolah utawi kasingkat OSIS menika dados satunggaling organisasi sekolah ingkang sanget wigati tumrap kemajengan sekolah, mila saking menika sampun saprayoginipun kita nunjuk ketua osis ingkang saget mbekto perubahan-perubahan wonten arah ingkang langkung sae.

Para rawuh ingkang kula kurmati, Awit saking dukungan panjenengan sedaya, wonten ing pidato bahasa jawa calon ketua osis menika kula aturaken satunggaling visi saha misi menawi samangkih panjenengan sami paring amanah kula konjuk dados kuta osis wonten periode tahun 2015-2016 menika.

Sepisan, visi ingkang badhe kula gayuh menawi dados ketua osis nggih menika ndadosaken “OSIS SMP Negeri 1 Sayegan ingkang langkung majeng nderek perkembangan jaman kanthi mboten ninggalaken kabudayan”.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya, ewondene visi kasebat saget sami-sami kita awiti kanthi nguri-uri tradisi jawi, mucalaken unggah ungguh utawi sopan santun wonten sedaya anggota sekolah menika kawiwitan saking pribadi kita piyambak-piyambak. Kanthi misi ingkang saged kita tumindakaken menika Insyaalloh visi ingkang sampun kula aturaken ing nginggil wae saged sami-sami kita gayuh.

Mekaten sekedik atur kula wonten pidato bahasa jawa calon ketua osis menika, kathah atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun pangapunten.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Semoga contoh pidato bahasa jawa calon ketua osis di atas dapat kita jadikan sebagai referensi dalam membuat naskah pidato lain khususnya dalam bahasa jawa baik dengan tema pendidikan, kesehatan, kebersihan lingkungan, dan lain sebagainya.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Contoh Pidato Bahasa Jawa Calon Ketua Osis

0 komentar:

Posting Komentar