-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

29.5.15

Contoh Sesorah Atur Pambagyaharja Rapat Karang Taruna

Rapat karang taruna memang menjadi agenda rutin yang biasa dilaksanakan para kalangan pemuda baik usia sekolah maupun setelahnya. Di bawah ini merupakan contoh sesorah atur pambagyaharja dalam acara rapat karang taruna. Semoga dapat memberikan sedikit gambaran dan manfaat bagi para pembaca semua. Selamat menyimak.

Assalamu’alaikum Wr. Wb,
Keparing kula nggempil kamardekan panjenengan sedaya ingkang nedheng-nedhengipun sami wawan pangandikan.

Nun Inggih panjenenganipun bapak pembimbing ingkang satuhu kinabekten, Para wiranem, pemuda lan pemudi ingkang bagya mulya,

Syukur lan salam sumangga tansah kita aturaken dumatheng Ngarsa Dalem Alloh SWT, ingkang sampun nglembahaken mapinten-pinten kanikmatan dumatheng kita sedaya sahingga wonten ing wekdal menika kita saged lenggah makempa, manunggal wonten menika papan kanthi wilujeng lan mboten wonten alangan satunggal menapa.
Contoh Sesorah Atur Pambagyaharja Rapat Karang Taruna

Sholawat saha salam mugi tansah katetepna dumatheng Nabi junjungan kita, Nabi Muhammad SAW, para keluarga, sohabat, penderek, sumrambah dumatheng kita sedaya, Amin.

(Isi dari sesorah atur pabagyaharja merupakan ucapan selamat datang, permintaan maaf jika kurang berkenan dalam menyiapkan tempat, serta ucapan selamat pulang/ sugeng kondu). Adapun isi tersebut dapat disampaikan seperti berikut: 

Salajenganipun, keparenga kula matur wonten ngarso panjenengan sami, 
Sepisan kula saha sedaya kaluarga ngaturaken sugeng rawuh  dumatheng para lenggah sedaya, kairing atur panuwun inggih saking kerawuhan panjenengan menika. Mugi-mugi niat ikhlas panjenengan sami kagem rawuh wonten pakempalan menika dados satunggaling cathetan amal kesaenan wonten ngarsa Alloh SWT.

Kejawi saking menika, kula minangkani sedaya kaluarga ugi tansah nyuwun tadahing deduka awit saking anggenipun caos papan palenggahan saha ubarampenipun kirang mranani saha kirang trep kaliyan palenggahan panjenengan sedaya.

Salejenganipun, mbokbilih adicara pakempalan utawi rapat menika sampun paripurna, saestu kula sakaluarga namung saged ngaturaken sugeng kundur, mugi wilujeng dumugi griya panjenengan piyambak-piyambak. Ewondene wonthen para lenggah ingkang tasih sakeca wawan pangandikan saestu badhe kula tanggepi kanthi remening penggalih.

Wasana mekaten ingkang saged kula aturaken, lan kula pribadi menawi kathah kirang ing subasita saestu nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Semoga contoh sesorah di atas dapat memberikan manfaat bagi kita semua baik dalam membuat sesorah atur pambagyaharja rapat karang taruna maupun dalam acara lain seperti rapat RT, rapat Osis, dan lain sebagainya.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Contoh Sesorah Atur Pambagyaharja Rapat Karang Taruna

2 komentar:

  1. Masukkan komentar Anda...matur nuwun kula dipun paringi conto pambage harjo saget kula trapke mbenjing menawi rapat rt

    BalasHapus
  2. min makasih min, saya minta bahasa indonesianya boleh min?

    BalasHapus