-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

7.5.15

Pidato Bahasa Jawa Kebersihan Lingkungan

Sesorah.com. Kebersihan lingkungan memang menjadi hal penting yang terkadang kita lupakan, pidato bahasa jawa kebersihan lingkungan di bawah ini kami maksudkan sebagai salah satu contoh sesorah guna menyampaikan amanat serta mengingatkan kita semua akan pentingnya kebersihan lingkungan khususnya lingkungan sekolah. Dengan terwujudnya lingkungan sekolah yang bersih diharapkan kita semua akan lebih nyaman dalam mengikuti kegiatan belajar mengajar di kelas. Selain hal tersebut kebersihan tentunya menjadi hal penting dalam mewujudkan kesehatan kita semua. Semoga contoh pidato bahasa jawa di bawah ini bermanfaat buat para pembaca semua.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dumateng ngarsanipun bapak kepala sekolah SMP Negeri 1 Pajangan ingkang satuhu kula bekteni,

Bapak ibu guru pawiyatan SMP Negeri 1 Pajangan ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.

Saha dhumateng kanca-kanca kelas satunggal dumugi kelas tiga ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyen sumangga kita tansah ngaturaken puji syukur datheng Allah SWT, ingkang sampun paring kesarasan, kawilujengan, saha kasempatan dumateng kita sedaya, sahingga ing injing menika kita saged makempal ing plataran sekolah supados ngawontenaken upacara bendera kados dinten-dinten senin biasanepun. Para rawuh ingkang kinurmatan, wonten kasempatan menika keparenga kula sekedik matur wonten ngarsa pajenengan sedaya kanthi irah-irah “kerisakan lingkungan”.

pidato-bahasa-jawa-kebersihan-lingkungan
Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat | Pidato Bahasa Jawa Sambutan Panitia
Bapak-Ibu ingkang kula bektosi saha kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Keresikan lingkungan dados salah satunggaling babagan ingkang wigati konjuk kesarasan kita sedaya. Keresikan ugi anggadahi peran ingkang sanged wigati kagem nyiptakaken lingkungan ingkang nyaman kagem dipanggeni. Tentu kamawon menawi lingkungan ingkang kumuh badhe dadosaken tiyang mboten betah wonten ing papan kesebat. Mila keresikan yaiku dados satunggaling bab penting kagem mujudtaken lingkungan ingkang nyaman, klebet lingkungan sekolah kita sedaya menika.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya,
Pidato bahasa jawa kebersihan lingkungan. Keresikan sekolah saha lingkunganipun saestu saged anambahi nyamaning kita sedaya kagem mirengaken piwulang ingkang dipun aturaken dening bapak ibu guru sedaya. Mila saking menika, wonten kasempatan menika ugi kula sesarengan angajak kanca-kanca konjuk njagi keresikan sekolah kawiwitan saking keresikan kelas, plataran sekolah, dumugi keresikan kolah utawi kamar mandi.
pidato-bahasa-jawa-kebersihan-lingkungan

Pidato bahasa jawa bahaya narkoba | Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Kelas
Keresikan kelas saged kita sedaya wujudtaken lantaran piket kelas nggeh menika nyapu uga nyulaki meja kursi ing kelas. Sawentara menika keresikan plataran ugi kamar mandi saged kita wujudtaken kanthi kawiwitan buang sampah wonten papanipun, ugi kerja bakti utawi gotong royong saben-saben sabtu kados ingkang sampun kita wiwiti kanthi sae.

Bapak-Ibu ingkang kula bektosi saha kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Mbok bilih namung semanten atur kula wonten injing menika, kathah kalepatan saha kekiranganipun saestu nyuwun agungeng pangapunten.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Semoga salah satu contoh pidato bahasa jawa kebersihan lingkungan di atas dapat menambah wawasan kita dalam belajar bahasa jawa. Jangan lupa untuk menambah pengetahuan dan kosa kata kita dalam belajar bahasa jawa kita juga dapat menyimak contoh lainnya dalam sesorah jawa.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pidato Bahasa Jawa Kebersihan Lingkungan

0 komentar:

Posting Komentar