-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

7.8.15

Pidato Bahasa Jawa dalam Upacara Pamit Jenazah (Sripah)

Pidato Bahasa Jawa dalam acara pamit jenazah- Kagem sedaya para kadang lan kanca, wonten halaman menika katuraken satunggaling tuladha pambagya harja upacara sripah ingkang saget kita ginakaken kagem pangertosan ugi kagem acara upacara sripah/ lelayu. Pambagya harja menika ugi saged dipun trapaken sami kaliyan kabetahan kadhosto pakempalan RT, pakempalan RW, arisan, pakempalan pemuda, pengetan dinten kamardikan, pengetan hari keagamaan lan sak panunggalanipun. Mugi contoh wonten halaman menika sageto ambiyantu kita sedaya anggenipun pasinaon babakan sesorah bahasa jawa.

pidato-bahasa-jawa-dalam-acara-pamit-jenazah

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bacaan Shalawat dalam pembukaan bisa kita ambil dari Sambutan Panitia Nuzulul Qur’an.

Para sesepuh, pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten,
Para alim ulama’ah almaghfirroh KH. Fuziruddin
Para tamu takziah ingkang dahat kinurmatan.

Raos puji syukur wonten ngaersa Alloh SWT sumanggaa tansah kita aturaken awit saking rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun satemah kula panjenengan sedaya saget nderek takziah awit sampun murut kasidan jati almarhum Bapak Cipto Wiyono.

Isi Teks Pidato Bahasa Jawa dalam Upacara pamit jenazah/ Sripah

Selajengipun, kula awit naminipun Bapak Marsudi sagotrah ngaturaken sugeng rawuh kairing atur panuwun awit saking rawuh panjenengan saperlu takziah awit sedanipun almarhum kasebat.

Kejawi saking menika, Bapak Marsudi saahli waris ngaturaken agenging panuwun awit paringipun sih kadarman ingkang arupi menapa kemawon, inggih banda prabeya, tenaga tuwin penggalihah minangka ngentengaken bot-repotipun para ahli waris anggenipun nampi cobining Pangeran amargi kapundhutipun almarhum Bpk. Cipto Wiyono. Saestu Bpk. Marsudi saha sedaya ahli waris boten saged caos piwales menapa-menapa kejawi namung tansah nyenyuwun wonten ngarsa dalem Alloh SWT mugi sedaya amal kesaenan panjenengan sedaya pikantuk lelintu nugraha ingkang matumpa-tumpa. Amin

Saklajengipun menawi adicara layon pamiting jenazah almarhum Bpk. Cipto Wiyono samangkih sampun paripurna kersaa para rawuh sedaya ndugekaken jenazah dumugi makam ing sebelah kilen kirang lakung limangatus meter saking griya duhkita. Ewo semanten mbok menawi para takziah anggadahi acara utawi pandamelan sanes, mboten langkung kula makili sedaya ahli waris ngaturakean sugeng kundur mugi rahayu dumugi griya piyambak-piyambak.

Mekaten ingkang kula aturaken, kirang langkungipun nyuwun katah pangapunten.
Wabilahitaufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Demikian pidato bahasa jawa dalam upacara pamit jenazah atau sripah yang dapat kita sampaikan semoga bermanfaat.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pidato Bahasa Jawa dalam Upacara Pamit Jenazah (Sripah)

2 komentar:

  1. Tumut bingah. Awit sesorah ingkang dipun aturaken. Mugi-mugi basa jawi ingkang sakmenika sampun katah ingkang mboten saget ngaturken, kanthi wontenipun sesorah.com menika ndadosaken basa krama jawi saget misuwur malih. Amiin-amiin Yaa Rabbal 'Alamin

    BalasHapus