-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

7.8.16

Contoh Cerita Narasi Bahasa Jawa Tentang Tanah Longsor

Contoh Cerita Narasi Bahasa Jawa Tentang Tanah Longsor – Dina Sebtu tanggal 18 Juni 2016, neng Kecamatan Samigaluh Kulonprogo tepate jam 5 esuk sakwise sholat subuh kedadean tanah longsor. Loro (2) omah warga rusak amerga kejugrukan lemah sing ana ing mburi omah dekne kabeh. Tanah longsor iki kedadean amerga udan sing teras neng kecamatan Samigaluh pirang-pirang ndiana. Papat (4) warga dadi korban jero bencana alam iki, 2 tilar ndunya, 1 tatu-tatu lan 1 maneh isih jero panggolekan tim SAR.

Miturut warga sekitar, Tono (panduwe omah) lagi lunga menyang masjid bareng bojone, lagekne kaloro (2) anake ana neng omah kalian mbah kAkung lan mbah putrine. Kaloro anak lan mbah putrine tilar saknalika amarga kajugrukan lemah, sawentara mbah kAkunge slamet.
contoh-cerita-bahasa-jawa-naratif-tanah-longsor
Baca Juga: Berita Banjir Pangkalpinang dalam Bahasa Jawa 
Sawentara neng omah sijine duwene bapak Rudi sing lagi ditinggal mulih desa saka keluargane rusak parah. Warga sapanggon nyoba hubungi keluarga sing bersangkutan ning ora ana jawaban. Keluarga korban ngupadi nggoleki barang-barang sing isih bisa dislametake. Kanggo sawentara keluarga korban bakal manggon neng ngomah tanggane, lan korban tilar digawa menyang rumah sakit kanggo di otopsi. Kedadean iki nggawe shock keluarga korban. ketunan ditaksir sekitar atusan yuta rupiah.
Wektu iki Aku lagi bareng salah siji warga kecamatan Samigaluh nggeh menika bapak Widada:
  • Aku : “Sugeng enjing pak, kinten-kinten wonten sebab nopo tanah longsor menika kedadean pak?” 
  • Widada : “lemah longsor iki kedadean akibat udan deras sing mudun neng kecamatan Samigaluh pirang-pirang ndina tanpa seren.” 
  • Aku : “Pinten cacah korban jero bencana tanah longsor niki pak?” 
  • Widada : “Korbane ana 4 wong sing 2 tewas neng panggon, sing 1 tatu tatu, lan sing sijine isih jero panggolekan warga lan Tim SAR.” 
  • Aku : “Pirang griya sing tertimbun kalian longsoran lemah pak?” 
  • Widada : “2 omah sing siji rusak enteng duwe bapak Tono lan sing sijine rusak parah duwe bapak Rudi.” 
  • Aku : “Banjur keluarga korban tinggal tent pundi pak sakmenika?” 
  • Widada : “Kanggo sawentara iki keluarga korban tinggal neng omah tangga.” 
  • Aku : “Kinten-kinten pinten ketunane utawi kerugianipun pak?” 
  • Widada : “ketunane sekitar atusan yuta rupiah.” 
  • Aku 
Contoh Cerita Narasi Bahasa Jawa Tentang Tanah Longsor di atas merupakan salah satu contoh cerita yang menyatakan secara runtut atau naratif apa yang terjadi di kecamatan Samigaluh Kulonprogo. Semoga dapat memberikan manfaat bagi teman-teman semua.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Contoh Cerita Narasi Bahasa Jawa Tentang Tanah Longsor