-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

20.4.15

Pengertian Sesorah Pidato Bahasa Jawa

Sesorah utawi pidato bahasa jawa dados satunggaling kabudayan jawi ingkang wigati sanget. Mila menika kita kedhah mangertos pengertian sesorah utawi pidato bahasa jawa menika. Sesorah utawi pidato bahasa jawa saget andadosna regengipun pahargyan lan pawiwahan. Wonten ing ngandap menika satunggaling atur kula babagan pangertosan sesorah, ananging sakderengipun kula aturaken mbok bileh salebeting atur kula samangkih anggadahi kekirangan soho wonten atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging samodra pangaksami.

Pengertian sesorah utawi pidato nun injih bedhahan utawi medharsabda ingkang wosipun ngaturaken gagasan,  saha penggalih dhateng tiyang sanes mawi lesan kanthi cara tartamtu saha kanthi ancas tujuane ingkang gumathok. Mila menika sawenehing tiyang sesorah badhe kawastanan kasil menawi saestu saged ngrimuk pamirengipun, damel remenipun ingkang dipunajak wawan ginem, nuhoni panuwunipun pamedhar sabda, dipunmangertosi kekajenganipun lan sapanunggalanipun, saha sedaya katerangan saking ingkang medhar sabda saget katampi dening ingkang sami mirengaken.
pengertian-sesorah-pidato-bahasa-jawa

Saking kawruh sesorah wonten ing nginggil menika anggadahi tigang prekawis ingkang perlu dipun mengertosi. Tigang prekawis menika inggih kados mekaten:
  1. Pamedharsabda anggadahi tugas ingkang ngaturaken sedaya katerangan, gagasan, utawi penggalihan datheng tiyang kathah ingkang cara indonesianipun inggih manika “komunikator”.
  2. Isi sesorah/ pidato ingkang dipunaturaken marang pamedharsabda datheng tiyang kathah.
  3. Sedaya ingkang mirengaken ingkang cara indonesianipun inggih manika “komunikan”.
Sesorah minangka satunggaling pirantos ingkang wigati sarta perlu sanget dipunmangertosi tumrap kawula panjenengan sami. Gagasan ingkang wonten saklebeting sesorah saestu saget ngrimuk tiyang kathah saha nuhoni menapa ingkang dados kekarepanipun.

Mekaten sekedhik atur babagan pengertian sesorah. Mugi wonten mumpangatipun menggahing para rencang sedaya. Menawi wonten lepat saha atur ingkang kirang trapsila saestu kula namung tansah tadhah ing deduka nyenyadhong samodra pangaksami.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pengertian Sesorah Pidato Bahasa Jawa

0 komentar:

Posting Komentar