-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

19.4.15

Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 9 SMP

Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP. Kagem sedaya para kadang lan kanca, wonten ing ngandap menika katuraken satunggaling contoh pidato bahasa jawa perpisahan ingkang saget kita ginakaken kagem pangertosan ugi kagem acara perpisahan sekolah. Babagkan kelas ugi sekolahan saged dipun gantos sami kaliyan kabetahan kadhosto perpisahan Sekolah Dasar (SD) kelas 6, utawi perpisahan SMA kelas XII. Mugi contoh pidato wonten ngandap menika sageto ambiyantu kita sedaya anggenipun pasinaon babakan bahasa jawa.

Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP bagian pembuka
Assalamu’alaikum wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah. Ama ba’du.

Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya aamii.
Panjenenganipun bapak kepala sekolah SMP Negeri 1 Sleman ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati.

Bapak ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMP Negeri 1 Sleman ingkang pantes sinuba ing pakurmatan.

Miwah kanca-kanca kelas 9 (songo) lan adhik-adhik kelas 7 uga kelas 8 ingkang kula tresnani.

pidato-bahasa-jawa-perpisahan-kelas-9-smp
Langkung rumiyen sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukaken puji saha syukur wonten ngarsanipun Gusi Allah SWT ingkang sampun keparing angrentahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan mliginipun iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saget kempal manunggal ing plataran pawiyatan menika ingkang tansah dados gegatilaning ati.
Selajenganipun kula minangka wod-lumaraping atur para kanca pawiyatan kelas 9 SMP Negeri 1 Sleman riki keparing matur wonten ngarsanipun Bapak-Ibu guru karyawan saha para adhik kelas 7 lan 8.

Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP bagian isi
Sepisan ngaturaken sedaya kalepatan salebeting sesrawungan ing pawiyatan SMP Negeri 1 Sleman menika, sae ingkang kasedya menapa dene ingkang mboten kasedya, ingkang sampun kalaer utawi ingkang tasih kabatos, mugi panjenengan sedaya keparing anglunturaken sih samodra pangaksami, kosok wangsulipun mbok menawi panjengan ugi kagungan kalepatan datheng kula sakanca siswa kelas 9, ugi mboten kawratan caos pangapunten.
pidato-bahasa-jawa-perpisahan-kelas-9-smp

Wondene atur ingkang nomer kalih, saestu kula dalah sedaya kanca siswa kelas 9 ngaturaken agenging panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru sarta karyawan ingkang sampun kepareng paring pawucal, tuladha-tuladha, ugi bimbingan kang sedayanipun saged andayani dhateng mekaring kadewasan kula sedaya. Awit saking sedaya kesaenan panjenengan sedaya, kula namung tansah sumendhe dhumateng ngarsaning Pangeran Ingkah Maha Wikal, mugi sedaya amal kesaenan panjenengan kewau pikantuk lelintu nugraha ingkang saageng-angengipun. Aamiin, Aamiin, Alloh huma Aamin.

Pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP bagian penutup
Mekaten ingkang saged kula aturaken, wonten lepat saha kasaring atur nyuwun lunturing samodra pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Mekaten satunggaling contoh pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 SMP ingkang saged kita sedaya ubah sami kaliyan kabetahan kadhosto kagem perpisahan kelas 6 Sekolah Dasar (SD) utawi kagem perpisahan SMA kelas 12. Contoh munika kalebu satunggaling pidato bahasa jawa, sesorah bahasa jawa, utawi pranata acara. Salam rahayu dumateng kita sedaya.

Artikel menika kalebet: sesorah, contoh pidato bahasa jawa, teks pidato bahasa jawa, naskah pidato bahasa jawa, pidato bahasa jawa singkat, sesorah bahasa jawa, contoh sesorah bahasa jawa perpisahan, sesorah basa jawa perpisahan, contoh sesorah bahasa jawa, contoh sesorah basa jawa kanti tema pendidikan, sesorah pendidikan perpisahan , sesorah bahasa jawa perpisahan, pidato bahasa jawa, kumpulan pidato bahasa jawa, pidato perpisahan bahasa jawa, pidato bahasa jawa tentang pendidikan, pidato bahasa jawa perpisahan, pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9, pidato bahasa jawa tentang perpisahan, pidato bahasa jawa perpisahan sekolah, contoh pidato bahasa jawa tentang pendidikan, kerangka pidato bahasa jawa, pidato bahasa jawa perpisahan kelas 9 smp

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Pidato Bahasa Jawa Perpisahan Kelas 9 SMP

0 komentar:

Posting Komentar