-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

27.4.15

Naskah Pidato Bahasa Jawa Atur Pambagya Syukuran

Sesorah jawa. Sak sampunipun kita nyimak satunggaling contoh pidato jawa singkat wonten Pasrah Unjukan Saha Lampiran mangga sami kula aturi miyos naskah pidato bahasa jawa atur pambagya syukuran. Saestu salah satunggaling contoh sesorah menika tasih tebih saking kasempurnan, mila menika kanthi tulusing manah kula nyuwun agunging pangapunten mbokbilih wonten satunggal contoh samangkih kathah atur ingkang kirang trapsila.

Pembukaan ing naskah pidato bahasa jawa atur pambagya syukuran
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.

Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.
Nuwun!

Para sesepuh, pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten,
Para alim ulama’ah almaghfirroh KH. Faziruddin ingkang satuhu kinabekten,
Para tamu undangan ingkang kinurmatan,

Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga kula panjenengan sami saged lenggah makempal, manunggal ngrawuhi menapa ingkan dados undanganipun Romo Diharjo sakaluwarga wonten menika papan kanthi wilujeng tanpa satunggal alangan menapa.

Salawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para kaluwarga, sahabat, saha pengikutipun mugi sumrambah dumatheng kula panjenengan sedaya. Aamiin.
naskah-pidato-bahasa-jawa-atur-pambagya-syukuran

Isi ing naskah pidato bahasa jawa atur pambagya syukuran
Salajenganipun, kados menapa ingkang sampun kaserat wonten serat ulem. Bilah panjenengan sedaya katur rawuh ing griya Bapak Diharjo kagem ngawontenaken satunggaling syukuran amargi putra mbarep saking Romo Diharjo sampun purna anggenipun pasinaon ing Universitas Gajah Mada  Ngayogyakarta Hadiningrat.

Sanggayaning para rawuh ingkang bagya mulya, kula minangkani supados dados badal wakilipun Romo Diharjo, ngambali atur pambagya sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang mawantu-wantu dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, ngenthengaken sarira saperlu rawuh wonten papan menika.

Salajenganipun kados sampun kapacak wonten ing serat sedhahan ingkang dados wigatosing sedya, inggah Bapak Diharjo, sakaliyan mliginipun anakmas Wikan Kusuma kados kajugrugan ing wukirsari, awit nalika surya 26 November 2015 sampun winisuda minangka Sarjana Teknik ing Fakultas MIPA UGM Ngayogyakarta Hadiningrat.

Ingkang menika bapak Diharjo sakadang gotrah tansah memuji ing ngarsanipun Gusti mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipanipun anakmas Wikan Kusuma, S.T lajeng saged angsal pidamelan ingkang kados pun kersakaken. Aamiin.
Pengertian Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa Tema Pendidikan 
naskah-pidato-bahasa-jawa-atur-pambagya-syukuran

Atur panutup
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten ingkang saged ula aturaken awit asmanipun ingkang amengku gati, pinaggih kasaring atur, lepating paramasastra tuin kiranging trapsila sowan kula, saestu tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Wonten ing nginggil menika satunggaling contoh naskah pidato bahasa jawa atur pambagya syukuran. Mugi saged mumpangati tumrap kula sedaya. Kathah klenta-klentu ugi kiranging pangertosan kula saestu nyuwun pangapunten.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Naskah Pidato Bahasa Jawa Atur Pambagya Syukuran

  • Belajar Bahasa Jawa Membuat Teks Pidato Artikel dengan judul belajar bahasa jawa membuat teks pidato ini merupakan cara dalam menyusun suatu naskah sesorah menggunakan bahasa jawa. Tulisan ini diharapkan seba ...
  • Pidato Bahasa Jawa Kebersihan Lingkungan Sekitar Sesorah.com. Lingkungan nyaman, aman, dan tentram tentu menjadi dambaan setiap manusia dimana saja. Pidato bahasa jawa kebersihan lingkungan sekitar di bawah ini dihara ...
  • Pidato Bahasa Jawa Singkat, Cinta Lingkungan Sesora jawa pada kesempatan ini akan membagikan contoh singkat pidato bahasa jawa cinta lingkungan. Sebagaimana program yang tengah digencarkan oleh pemerintah kita, li ...
  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Calon Ketua Osis Contoh pidato bahasa jawa calon ketua osis. Osis merupakan salah satu organisasi intra sekolah yang memiliki peran penting dalam kemajuan sekolah khususnya terkait den ...
  • Pidato Hari Kartini Bahasa Jawa Sesorah jawa. Kejawi tanggal 17 agustus, tanggal 21 April ugi dados satunggaling dina ingkang istimewa tumrap tiyang estri khususipun lan bangsa Indonesia umumipun. Ses ...

0 komentar:

Posting Komentar