-->

Sesorah Jawa: Contoh Pidato Bahasa Jawa Pendidikan | Kesehatan | Keagamaan | Kesehatan | Lingkungan | Perpisahan | Kemerdekaan | Hari Besar Nasional | Sesorah Bahasa Jawa | Naskah Pidato Bahasa Jawa | Cerita Bahasa Jawa | Cerkak Bahasa Jawa | Dongeng Basa Jawa| Aksara Jawa | Pawarta | Berita Bahasa Jawa | Cerita Wayang Bahasa Jawa | DLL

20.4.15

Naskah Pidato Bahasa Jawa Tema Pendidikan

Sesorah jawa. Gerakan disiplin nasional temtu kemawon dados satunggaling gerakan ingkang anggadahi tujuan kesaenan tumrap kita sedaya. Mila saking menika wonten ngandap badhe kita aturaken satunggaling naskah pidato bahasa jawa tema pendidikan kanti irahirah “gerakan disiplin nasional”. Mugi satunggaling sesorah menika saged migunani tumrap kita sedaya. Sumangga kula aturu miyos sesorah bahasa jawa kanthi remening penggalih. Ananging mbok bilih anggen kita ngaturaken sesorah menika kathah atur ingkang kirang trapsila saestu nyuwun gunging pangapunten.

“ Pidato Gerakan Disiplin Nasional”

Pembukaan naskah pidato bahasa jawa tema pendidikan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah SMP Negeri 1 Srumbung ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati.
Bapak ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMP Negeri 1 Srumbung ingkang kula kurmati.
Sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Sumangga panjengan sekalian kula dherekaken manungku jejering hastungkara, konjuk dhumateng ngarsaning Allah ingkang Maha Agung, awit saking keparenganipun kula panjenengan sami saget makempal manunggal wonten pawiyatan menika kanthi wilujung lan boten wonten alangan satunggal menapa.

Salawat saha salam mugi tansah katetepna datheng nabi junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa lan putra, sohabat, sumrambah dumateng kula panjenengan sedaya.
Isi naskah pidato bahasa jawa tema pendidikan
Ing saklajenganipun, keparinga kula kanthi andap asor ing manah badhe ngaturaken sesorah kanthi irah-irahan “Gerakan Disiplin Nasional”.

Gerakan disiplin nasional ngrupikaken satunggaling satunggaling tindak lampah kanthi raos lila legawa nindakaken sedaya pranatan uga tatanan kang lumampah ing papan kita saeo pawiyatan, lingkungan saha negari. Kejaba menika disiplin ugi saged pun aturakan ugi nebihi sedaya pepacuh utawi awisan kados ingkang sampu kapacak wonten ing Undang-Undang ingkang lumampah salebeting tlatah negari Indonesia.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya, kados menapa ingkang sampun kula sedaya mangertosi menawi wonten lingkungan sekolah sarta ing kaluarga temtu kemawon ingkang dados patuladhan sarta paringipun seserepan ingkang sae-sae, ananging benten kaliyan pengaruh sarta patuladhan ingkang pinanggih wonten ing masyarakat saha lingkungan pergaulan kita. Menawi anggenipun sesrawungan tumrap liyan kita mboten ngatos-atos kathah prekawis ingkang saged andamel keawonan tumrap sikap disiplin kita sedaya.

Pramila saking menika wonten pengetan dinten gerakan disiplin nasional menika kula ngemutaken dumateng awak kula pribadi uga para rawuh sedaya kagem nggrengsengaken kadisiplinan kawiwit saking pribadi kita, kaluarga, kanca lan tangga tepalih.

Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, wonten tigang perkawis ingkang saged kita wiwitaken tumrap kadisiplinan kita sedaya. Ketigang perkawis menaka nun ijih:

1. Budaya tertib
Tertib wonten mrika anggadahi kathah perkawis nun injih terteb wonten salebeting pawiyatan, tertib wonten salebete mergi, uga tertib wonten ing lingkungan masyarakat. Kados menapa ingkang sampun kula jlentrehaken wonten ing ngajeng kewau bilih tertib inggeh menika nindakaken sedaya pranatan uga tatanan ugi nebihi sedaya pepacuh utawi awisan.

2. Budaya resikan
Resikan dados satunggaling kaendahan ugi kasehatan. Pramila saking menika budaya resikan kedah kita grengsengaken milai saking resikan badan kita ugi lingkungan kita. Kanthi budaya resikan menika saestu badhe kawujud satunggaling lingkungan kang asri, nyaman, ugi sehat kagem badhan kita.

3. Budaya makarya
Budaya makarya tumrap kula para siswa sedaya saged kawujud kanthi sinau mempeng sarta tumemen, ngginakaen wekdal kanthi sak sae-saenipun, saha tumut tumandang damel ing masyarakat kados gotong royong lan sak panunggalanipun.

Kanthih tuladha tigang perkawis menika saestu gerakan disiplin nasional wonten negari Indonesia badhe kalampah kados menapa ingkang kita sedaya impekaken.

Penutup naskah pidato bahasa jawa tema pendidikan

Mekaten sekedhik atur sesorah kanthi irah-irah “Gerakan Disiplin Nasional”. Mugi wonten mumpangatipun menggahing para rawuh sedaya. Wonten kasar sarta lepating atur, kula namung tansa nyadong nyuwun lumunturing samodra pangaksama.
 Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Naskah pidato bahasa jawa tema pendidikan kanthi irah-irah gerakan disiplin nasional wonten ing nginggil kewau, mugi saged migunani tumrap para pawios sedanten. Kathah kalepatan sarta atur ingkang kirang trapsila saestu nyuwun angunging pangaksami. Matur nuwun.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Naskah Pidato Bahasa Jawa Tema Pendidikan

0 komentar:

Posting Komentar